| |||||
![]() Rotterdam ing Walanda | |||||
Sesanti | |||||
---|---|---|---|---|---|
Sterker door Strijd Basa Walanda: "Saya kuwat déning perjuangan" | |||||
Katrangan cekak | |||||
Provinsi: | Zuid-Holland | ||||
Jembar: | 319,35 km² | ||||
Padunung: | 580.617 (1 November 2007) | ||||
Situs wèb resmi: | http://www.rotterdam.nl | ||||
Pulitik | |||||
Walikutha: | Ahmed Aboutaleb (parté PvdA) |
Rotterdam iku gemeente ing provinsi Holland Kidul, Walanda. Kutha utawa gemeente iki sing ndunungi kira-kira 580.617 jiwa lan ambané 319,35 km2. Sawisé Amsterdam, Rotterdam iku kutha sing gedhé dhéwé nomer loro ing Walanda. Ing provinsi Holland Kidul, Rotterdam iku kutha sing gedhé dhéwé. Rotterdam iku kutha palabuhan lan palabuhan iki sing gedhé dhéwé sa-Éropa, mbiyèn malah sadonya. Ing kutha iki ana Universitas Erasmus Rotterdam sing misuwur sadonya. Akèh pulitikus lan pejabat dhuwur Indonésia sing tau kuliyah ing kono.
Mèh separo sing ndunungi kutha Rotterdam iku katurunan wong manca.