Rujak Cingur ya iku panganan khas saka kutha Surabaya Jawa Wétan.[1] ing basa Jawa "cingur" tegesé "cungur" ya iku irisan tutuk utawa moncong sapi. Isèn Rujak Cingur racaké irisan janganan lan woh-wohan kaya ta timun, bengkoang, bajangan (pelem anom), nanas, dhondhong, tahu, témpé, taugé, kangkung, kacang lanjaran ditambah lontong. Kabèh bahan iku dicampur karo sambel kacang. sambelé digawé saka petis urang, gula jawa, lombok, kacang sing wis digorèng, bawang goreng, lan irisan tipis gedhang ijo.[2] Panganan iki akèh ditemoni ing warung lan bakul ing pinggir dalan.