Rum (rhum) inggih punika unjukan mawi alkohol saking asil fermentasi lan distilasi saking molase (tetes tebu) utawi toya tebu ingkang kalebet produk samping indhustri gula. Rum asil distilasi wujud cuwèran warna bening lan padatanipun dipunsimpen kanggé prosès pematangan ing jero tong ingkang dipundamel saking kayu ek utawi kayu jinis sanèsipun. Produsen rum paling ageng ing donya punika nagara-nagara Karibia lan sedawanipun aliran Kali Demerara ing Guyana, Amérika Kidul. Kajawi punika, pabrik rum wonten in nagara-nagara sanès ing donya kados Australia, India, Kepuloan Reunion.
Rum kapérang saking manéka jinis kanthi kadar alkohol ingkang béda-béda. Rum putih padatanipun kanggé campuran koktail. Déné rum warna coklat radi emas lan peteng punika kanggé masak, damel kue, lan kanggé campuran koktail. Namung rum mawi kuwalitas inggil kemawon ingkang padatanipun dipununjuk tanpa campuran utawi dipuntambah ès watu (on the rocks). Rum gadhah peranan ingkang wigati wonten ing kabudayan tiyang ing Hindia Kulon lan kondhang minangka unjukan perompak lan Angkatan Laut Karajan Inggris.