Rustriningsih

Rustriningsih

Rustriningsih (lair ing Kebumen, Jawa Tengah, 3 Juli 1967; umur 57 taun) inggih punika Wakil Gubernur Jawa Tengah periodhé 2008-2013.[1] Sadèrèngipun dados wakil gubernur, panjenenganipun dados Bupati Kebumen periodhé 2000-2005 lan 2005-2010, nanging boten saged purna amargi panjenenganipun kapilih dados wakil gubernur minangka wakilipun Bibit Waluyo wonten ing pamilian Gubernur lan Wakil Gubernur Jawa Tengah.[1]

Rustriningsih kawentar minangka pamimpin tlatah ingkang suksés.[2] Awit kapilih minangka Bupati Kebumen, panjenenganipun tansah konsistén kaliyan tekadipun mbrasta korupsi, kolusi, lan népotisme.[2] Panjenenganipun sarwa prasaja lan tansah nengenaken éfisiensi.[2] Panjenenganipun kalebet lulusan Master ngèlmu pulitik saking Universitas Gadjah Mada, Yogyakarta.[2]

  1. a b Rustriningsih dipunundhuh tanggal 18 September 2011)
  2. a b c d Rustriningsih dipunundhuh tanggal 18 September 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne