Ruwatan

Ruwatan iku upacara adat Jawa kang ancasé kanggo mbébasake wong utawa wewengkon saka ancaman bebaya. Inti upacara ruwatan iki sajatiné wujud ndonga, nyuwun pangayoman marang Allah saka ancaman bebaya-bebaya umpamané bencana alam lan liyané, uga ndonga nyuwun pengampunan dosa-dosa lan kesalahan-kesalahan kang wis dilakoni kang bisa njalari bencana.

Upacara adat iki asalé saka ajaran budaya Jawa kuna kang sifaté sinkretis kang saiki diadaptasi lan disesuaiké karo ajaran agama.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne