Sabun

Sabun batangan

Sabun iku salah siji senyawa kimia tuwa dhéwé kang tau dikenal.[1] Sabun iku ora kanthi aktual tinemu, nanging saka usaha ngembangaké campuran senyawa alkali lan lemak utawa lenga.[1] Sabun iku surfaktan kang umbah-umbah utawa ngresiki lan digunakaké kanthi pitulungan banyu.[2] Sabun iku diasilaké saka prosès saponifikasi, ya iku prosès hidrolis lemak dadi asem lemak lan gliserol ing kaanan basa.[2] Bahan kang lumrahé digunakaké ya iku NaOH (natrium/sodium hidroksida) lan KOH(kalium/potasium hidroksida).[2] Asam lemak kang sesambungan karo natrium utawa kalium iki kang dijenengaké sabun.[2]

  1. a b majarimagazine Archived 2011-05-19 at the Wayback Machine.(kaunduh tanggal 20 April 2011)
  2. a b c d lita.inirumahku.com Archived 2011-10-30 at the Wayback Machine.(kaunduh tanggal 20 April 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne