The Right Honourable Sadiq Khan | |
---|---|
![]() | |
Wali Kutha London | |
Wiwit linggih 8 Mèi 2016 | |
Wakil | Joanne McCartney |
Kang sadurungé | Boris Johnson |
Carik Wayangan Nagara babagan Bebener Tuwan Kanselir Wayangan | |
Linggih 8 Oktober 2010 – 11 Mèi 2015 | |
Pangarep | Ed Miliband |
Kang sadurungé | Jack Straw |
Kang sawisé | Charles Falconer |
Carik Wayangan Nagara babagan Tetumpakan | |
Linggih 14 Mèi 2010 – 8 Oktober 2010 | |
Pangarep | Harriet Harman Ed Miliband |
Kang sadurungé | Andrew Adonis |
Kang sawisé | Maria Eagle |
Mantri Nagara babagan Tetumpakan | |
Linggih 8 Juni 2009 – 11 Mèi 2010 | |
Mahamantri | Gordon Brown |
Kang sadurungé | Andrew Adonis |
Kang sawisé | Theresa Villiers |
Mantri Nagara babagan Kawula | |
Linggih 4 Oktober 2008 – 8 Juni 2009 | |
Mahamantri | Gordon Brown |
Kang sadurungé | Parmjit Dhanda |
Kang sawisé | Shahid Malik |
Anggota Parlemèn tumrap Tooting | |
Linggih 5 Mèi 2005 – 9 Mèi 2016 | |
Kang sadurungé | Tom Cox |
Mayoritas | 2.842 (5,3%) |
Rerincèn dhiri | |
Lair | Sadiq Aman Khan 8 Oktober 1970 Tooting, London, Karajan Manunggal |
Parté pulitik | Buruh |
Sisihan | Saadiya Ahmed (1994–saiki)[1] |
Anak | 2 |
Almamater | Universitas London Lor Universitas Ukum |
Agama | Islam |
Sana jaringan | Official website |
Sadiq Aman Khan[2] (lair 8 Oktober 1970) ya iku pulitikus Britania sing dadi Wali Kutha London kawit Mèi 2016. Dhèwèké Anggota Parlemèn (cara Inggris: Member of Parliament, dicekak MP) tumrap wewengkon Tooting saka taun 2005 tekan taun 2016.[3][4] Minangka anggota Parté Buruh, dhèwèké nganut idhéologi dhémokrat sosial.
Lair ing London ing kukuban kulawarga Pakistan-Britania saka golongan narakarya, Khan iku lulusaning jurusan Ukum ing Universitas London Lor. Dhèwèké nuli makarya dadi solisitor mirunggan babagan hak manungsa, lan dadi mantrining Liberty salawas telung taun. Anut Parté Buruh, Khan minangka Anggota Déwan tumrap Wandsworth (pamukiman ing London) saka taun 1994 tekan taun 2006 sadurungé kadhapuk MP kanggo wewengkon Tooting taun 2005. Sangisoring pamaréntahan Parté Buruh kanthi Wasir Gordon Brown, dhèwèké lungguh Mantri Nagara babagan Kawula kala taun 2008, nuli dadi Mantri Nagara babagan Tetumpakan. Awit minangka sekuthu pokok saka lelurah Parté Buruh Ed Miliband, dhèwèké leladi sajeroning Kabinèt Wayangan Ed Miliband dadi Carik Wayangan Nagara babagan Bebener, Tuwan Kanselir Wayangan, lan Mantri Wayangan London.
Khan kapilih Wali Kutha London ing pilihan wali kutha 2016, nggantèni Wali Kutha saka Parté Konservatif, Boris Johnson. Kapilihé dadi Wali Kutha London njalari dhèwèké minangka Muslim kapisan sing dadi wali kutha kanggo kutha krajan gedhé ing wewengkon Kulonan.[5]