P.A. Hoesein Djajadiningrat ngandharaken bilih serat-serat Sajarah Banten punika dipunserat wonten ing antaranipun taun 1662/1663 dumugi + 1725, ananging vèrsi basa Malayunipun ingkang wujud gancaran taksih dipunserat dumugi pungkasaning abad kaping 18.[2] Sapunika kawuningan wonten 32 serat (naskah) Sajarah Banten lan ingkang sami ingkang sumebar ing pinten-pinten papan panyimpenan, ingkang wonten ing lebet nagara utawi ing manca negara.[2][3]
Ing antawisipun serat-serat punika wonten sawetara ingkang sampun kawigatosaken kanthi kusus, inggih punika:[2][4]
Sajarah Banten Kecil, utawi nami liyanipun Wawacan Sajarah Haji Mangsur, kados ingkang sampun kacariyosaken déning C. Snouck Hurgronje lan J.L.A. Brandes.
Sajarah Banten Rante-Rante; ingkang ngemot kumpulan mitos lan legènda saking pinten-pinten bagéyan wonten ing sajarah Banten.
Hikayat Hasanuddin; inggih punika vèrsi basa Malayu saking bagéyan tartamtu Sajarah Banten Rante-Rante.
Sajarah Banten serat Cibeber, Cilegon; ingkang sampun dipunteliti déning Munadi Padmadiwiria ingkang isinipun ngandharaken babagan Maulana Hasanuddin lan wujud bagéyan tartamtu saking Sajarah Banten Rante-Rante.
↑ abcdefHatmadji, Drs. H. Tri (2007). Prof. Dr. Mundardjito, Drs. Fitra Arda, M. Hum, Drs. Syarif Achmadi (èd.). Ragam Pusaka Budaya Banten. Direktorat Jenderal Kebudayaan. kc. 134-135. ISBN 979-99324-0-8, 9789799932402.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: editors list (link)