|
Salat Limang Wektu (Krama: Salat Gangsal Wekdal) iku Salat Perlu / Fardhu (salat wajib) kang diayahi sadina kaping lima. Ukum salat iki Fardhu 'Ain, ya iku wajib diayahi déning saben Muslim kang wis ngancik diwasa (pubertas), kajaba ana alangan tinamtu.
Salat Limang Wektu wujud salah siji saka lima Rukun Islam. Allah mudhunaké préntah salat ing prastawa Israk Mékrad.