Panggonan asal | Indonésia Malaysia Thailand |
---|---|
Tlatah utawa praja | Jawa Nusantara Asia Kidul Asia Wétan |
Woworan pokok | lombok |
Buku masakan: Sambel Médhia: Sambel |
Sambel iku saus kang racaké digawé saka lombok. Bisa saka lombok abang utawa lombok ijo. Sambel rasané pedhes lan fungsiné kanggo nambah rasaning sawijining panganan. Sambel iku biyasa digunakaké ing pawon Asia Kidul-Wétan, mligi ing Indonésia, Malaysia, Singapura lan uga Cina. Saiki sambel uga disenengi ing Walanda.