Cithakan:Limang Samodra Samodra Antarktika utawa Samodra Kidul iku massa banyu sagara sing ngubengi bawana Antartika. Tlatah iki minangka samodra gedhé dhéwé kapapat lan wis disepakati sinebut samodra déning Organisasi Hidrografik Internasional (IHO) ing taun 2000. Sadurungé iku, pandhangan umum mratélakaké yèn Samodra Atlantik, Samodra Hindia lan Samodra Pasifik langsung wewatesan karo pasisir Antartika.