Artikel iki prelu dirapèkaké supaya jumbuh karo wewaton artikel WikipédiaPanjenengan bisa mbiyantu ngrapèkaké artikel iki kanthi mérang dadi paragraf-paragraf utawa wikifikasi. Sawisé dirapèkaké, tandha iki kena dibusak. |
Samulnori | |
---|---|
![]() | |
Hangul | 사물놀이 |
Hanja | 四物놀이 |
Alihaksara Koréa Kang Sinampurna | Samullori utawi Samul nori |
McCune–Reischauer | Samullori utawi Samul nori |
Samulnori (사물놀이) punika dolanan piranti musik perkusi tradhisional saking Koréa. Saged ugi dipuntegesi genre musik perkusi tradhisional saking korea. Tembung Samulnori piyambak ateges sekawan objek lan nori ateges dolanan. Dados kanthi barès samulnori punika ateges permainan kanthi ngginakaken sekawan piranti musik tradhisional Koréa [1].
Samulnori punika wonten sekawan piranti musik inggih punika:
Saben piranti musik punika nggambaraken manéka macam kaanan cuaca. Janggu punika dados lambang udan, kwaenggwari punika nglambangaken gluduk, jing minangka lambang swantun angin, déné buk punika minangka lambang awan. Samulnori ugi nggambaraken konsèp Ying lan Yang [1][2]. Swantun saking buk lan janggu nglambangaken langit déné swantun jing lan kwaenggwari punika swantun saking lemah. Samulnori ngasilaken warni musik énggal ing musik Koréa, mliginipun Koréa Kidul. Karakter musik saking samulnori punika dinamis, enerjik, lan rikat dipunanggep nggambaraken sipating tiyang Koréa [2].
Samulnori akaripun saking nong-ak (kanthi barès ateges wong tani musik), satunggaling genre rakyat Koréa ingkang kapérang dados musik, akrobat, jogèd rakyat, lan ritual [1]. Nongak piyambak dipunpengaruhi déning ritual ingkang dipunlampahi ing Shamanisme lan Buddhisme Koréa.