Sandhangan (basa krama: rasukan) utawa panganggo (basa krama: ageman) iku kabutuhan pokok manungsa saliyané panganan lan papan padunungan (omah). Manungsa mbutuhaké sandhangan kanggo nglindhungi lan nutupi awaké. Nanging sairing karo perkembangan kauripan manungsa, sandhangan uga minangka simbul status, kalungguhan, utawa kalungguhan kang nganggo. Perkembangan lan jinis-jinis sandhangan gumantung marang adat-istiadat, kabiasaan, lan budaya kang duwé ciri kas dhéwé-dhéwé. Sandhangan uga ngundhakaké kaamanan sajeroning ngayahi kagiyatan mbebayani kaya ta hiking lan masak, amarga mènèhi penghalang antara kulit lan lingkungan. Sandhangan uga mènèhi penghalang higienis, njaga toksin saka badan lan mbatesi panularan kuman.
Sandhangan iku umum dipadhakaké karo busana utawa ing basa Indonésia: pakaian. Sejatiné sandhangan iku tegesé klambi, utawa makna kang luwih wiyar yaiku kabèh kang dianggo ing pérangan tengah raga, dadi yèn ing sandhangan adat Jawa uga kalebu sabuk, epek, timang, benik lan wiron.
Sandhangan utawa busana dadi salah sijining kabutuhan utama manungsa. Manungsa merlokake busana kanggo nutupi ragané, mligi pérangan raga kang wajib ditutup.