Sandhi (saka basa Sangskreta samdhi) iku sawijining fénoména morfofonologi linguistik. Contoné iku kalebu fusi sawatara swara ing wates-wates tetembungan lan pangowahan swara déné swara liyané ing cedhaké. Fénoména sandhi iki mligi ana ing basa-basa Indo-Iran (kususé basa Sangskreta, kang duwé paugeran njlimet prakara sandhi), mula dijenengaké miturut basa Sangskreta. Sanadyan mangkono basa liya uga akèh kang duwé fénoména iki.