Santanu

Santanu

Santanu (Sangskreta: सांतनु; Śāṇtanu) iku paraga protagonis sajeroning wiracarita Mahabharata. Santanu iku putra Raja Pratipa saka trah Candrawangsa, katurunan Maharaja Kuru, sing duwé tegal Kurukshetra, dumungé ing tlatah India Lor. Prabu Santanu iku ramané Bisma lan kanthi legal, kakèk saka Pandhu lan Dretarastra. Santanu maréntah ing Hastinapura, kutha krajan sisan pusat papréntahan para katurunan Kuru, ing Karajan Kuru.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne