Sargon saking Akkad

Sargon
King of Akkad
Bust of an Akkadian ruler, probably Sargon, Nineveh, ca. 23rd – 22nd century BC
Reign ca. 2270 BC – 2215 BC
Full name Birth name unknown; regnal name was Šarru-kin ("the true King" or "the legitimate King")
Titles King of Kish, Lagash, Umma, Uruk, overlord of Sumer, Elam, Mari, and Yarmuti
Born ca. 2300 BC
Azupiranu, Mesopotamia (?)
Died ca. 2215 BC (aged 85)
Akkad, Mesopotamia (?)
Successor Rimush
Wife/wives Tashlultum
Issue Enheduanna, Rimush, Manishtushu, Ibarum, and Abaish-Takal
Royal House House of Sargon
Dynasty Akkadian dynasty
Father La'ibum (natural); Akki (foster-)
brother unknown

Sargon saking Akkad dipuntepang ugi Sargon Raja Agung atawa Raja ingkang sajatosipun, Raja saking peradaban kuna wonten Mesopotamia.[1][2] Wonten cathetan kuna utawi prasasti, salah satungaling tokoh raja ingkang yasa kamaharajan utawi nagara ingkang multietnis, ngagem polotik Akkadians (Monarki).[3] Tlatah ingkang dikuasai Sargon watara lepen Tigris ngantos Eufrat, kaliyan sabagian tlatah Turki sapunika, ibu kotanipun wonten tlatah Agade, Akkad.[3] Sargon kacathet wonten dhaftar raja-raja ingkang wonten Sumeria, wonten gangsal raja ingkang dados panguasa wonten Akkad inggih punika, Sargon, Rimush, Manishtusu, Naram-Sin, kaliyan Shar-kali-sharri sadayanipun dados raja Akkad kanthi 142 taun.[4] Piyambakipun (Sargon) dados raja laminipun 56 taun (data kasebat boten saged dipunpriksa, nanging wonten cathetan ingkang saged dipungandhengaken sumarga saged dipunpitados, ya iku cathetan raja Ur ingkang kaping III).[4] Saderengipun dados raja Akkad, Sargon dados juru minumipun Raja Ur-Zababa Kish.[4] Miturut legendha, Sargon sapunika bocah ingkang dibuang nalika lair, lajeng dipunrumat kaliyan tukang tandur wonten karajan, ngantos dipunremeni kaliyan dewi Isthar nuli dipunboyong wonten pangadilan karajan.[5]

  1. Akkad or Agade dipununduh tanggal 23 Mèi 2011, tabuh 14.35 WIB
  2. Ancient Akkad (2334-2112 BC) dipununduh tanggal 23 Mèi 2011, tabuh 14.27 WIB
  3. a b Akkadian Empire dipununduh tanggal 23 Mèi 2011, tabuh 14.30 WIB
  4. a b c Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng history
  5. Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep; ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng kids

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne