Artikel iki arupa bagéyan saka sèri Pendhidhikan ing Indonésia | |
![]() | |
Pendidikan anak usia dini | |
---|---|
Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6) | |
Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9) | |
Sekolah menengah pertama | |
Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12) | |
Sekolah menengah atas/kejuruan | |
Pendhidhikan dhuwur | |
Perguruan tinggi |
Sekolah dhasar (dicekak SD;Basa Inggris:Elementary School) iku jenjang paling dhasar sajeroning pendhidhikan formal ing Indonésia. Sekolah dhasar ditempuh ing dalem 6 taun, wiwit saka klas 1 nganti klas 6. Saiki murid klas 6 diwajibak mèlu Ujian Nasional (biyèn Ebtanas) sing mengaruhi kalulusan siswa. Lulusan sekolah dhasar bisa nerusaké pendhidhikan menyang sekolah menengah kapisan (utawa sadrajat).
Pelajar sekolah dhasar lumrahé umur 7-12 taun. Ing Indonésia, saben warga nagara umur 7-15 taun wajib mèlu pendhidhikan dhasar, yaiku sekolah dhasar (utawa sadrajat) 6 taun lan sekolah menengah kapisan (utawa sadrajat) 3 taun.
Sekolah dhasar diadani déning pamaréntah utawa swasta. Wiwit lumakuné otonomi laladan ing taun 2001, pengelolaan sekolah dhasar nagari (SDN) ing Indonésia sing sadurungé ana sangisoré Departemen Pendhidhikan Nasional, saiki dadi tanggung jawab pamaréntah laladan kabupatèn/kutha. Déné Departemen Pendhidhikan Nasional mung dadi regulator sajeroning babagan baku nasional pendhidhikan. Sacara struktural, sekolah dhasar nagari minangka unit pelaksana teknis dinas pendhidhikan kabupatèn/kutha.