![]() Olahan selat Sala | |
Jeneng liyané | Selat Solo |
---|---|
Ajangan | Pambuka |
Panggonan asal | Indonésia |
Tlatah utawa praja | Surakarta, Jawa Tengah |
Hawa ajangan | adhem |
Woworan pokok | janganan, Daging, Duduh |
![]() ![]() |
Selat Sala utawi racikan selat inggih punika satunggaling olah-olahan khas arupa bistik saking kitha Surakarta, Jawi Tengah.[1] Dhaharan punika kasusun saking daging sapi ingkang sampun dipunmasak utawi saged uga dipungantos galantin utawi kreni (daging giling), jejanganan godhog kados déné kenthang, tigan, wortel, tomat, ron seladha, buncis saha timun lajeng dipunsuntaki duduh soklat ingkang dipuncaosi saos mustard utawi mayonais ing nginggilipun. Olah-olahan punika asring dipunpanggihi wonten warung ngantos rèstoran. Raosipun manis saha gurih pramila asring dipunwastani bistik Jawa.[2]