Seminari iku papan pendhidhikan kanggo calon rohaniwan Kristiani, kalebu Kristen sing ndhidhik pendeta utawa Katulik sing ndhidhik romo. Seminari asalé saka tembung Seminarium saka basa Latin sing kawangun saka tembung dhasar semen, kang ateges winih. Mila, Seminari ateges papan pawinihan. Maksudé, winih panggilan rohani sing ana ing siji wong, diuripaké kanthi pendhidhikan ing Seminari. Ing Gréja Katulik ana tataran Seminari Menengah (satingkat SMA) lan Seminari Tinggi (satingkat perguruan tinggi). Seminari wujud sekolah-sekolah sing dianakaké déning pihak Kristen (Katulik, Ortodoks uga Protèstan) sarta Yahudi kanggo ndhidik calon pamimpin agamané. Sekolah-sekolah iki sok-sok karan uga sekolah teologi. Sekolah Alkitab menèhi pendhidhikan mèh sarupa, nanging orièntasi pendhidhikané racaké evangelikal utawa fundamentalis.