SERPENS | |
---|---|
![]() | |
Cekakan | Ser |
Genitif | Serpentis |
Asensio rekta | Serpens Caput: 16 h Serpens Cauda: 18 |
Deklinasi | Serpens Caput: +10° Serpens Cauda: −5 |
Area | 637 derajad pesagi (#23rd) |
Lintang utama | 9 |
Lintang Bayer/Flamsteed | 57 |
Lintang mawa planèt | 11 |
Lintang padhang | 1 |
Lintang cedhak | 2 |
Lintang paling padhang | α Ser (Unukalhai) (2.63m) |
Lintang paling cedhak | GJ 1224 ( tc) |
Obyèk Messier | 2 |
Rasi lintang sing wewatesan | Serpens Caput: Corona Borealis Boötes Virgo Libra Ophiuchus Hercules Serpens Cauda: Aquila Ophiuchus Sagittarius Scutum |
Katon antara lintang +80° lan −80°. Katon paling cetha ing wektu 21.00 jroning sasi July. ' | |
Serpens ("sawer", basa Yunani Kuna Ὄφις) inggih punika salah satunggaling rasi lintang saking 88 rasi lintang modheren ingkang dipundhaptar déning International Astronomical Union lan ugi minangka salah satunggaling saking 48 rasi ingkang dipundhaptar déning Ptolemy. Serpens punika rasi lintang ingkang papanipun wonten ing laladan equator ingkang mapan wonten ing belahan langit sisih lor.[1] Rasi lintang punika dipunpérang dados kalih pérangan, inggih punika Serpens Caput (sirah ula) ing sisih kulon lan Serpens Cauda (buntut ula) ing sisih wétan. Ing antawisipun kalih pérangan punika wonten Ophiuchus, serpent bearer.[2] Manawi dipungambaraken wonten ing representasi figuratif, badan ula punika dipungambaraken medal sak wingkingipun Ophiuchus ing antawisipun μ Ser ing Serpens Caput lan ν Ser ing Serpens Cauda.[3] Pratélan lintang ingkang padhang piyambak wonten ing konstelasi Serpens inggih punika Unukalhai utawi Cor Serpentis "Serpent's Heart", kanthi magnitudo ingkang cetha inggih punika 2,63.
Konstelasi sking rasi lintang Serpens punika gadhah area ingakng ambanipun kirang langkung 637 drajat persegi lan ngewrat gangsal lintang ingkang dipunmangertosi minangka planit-planit. Rasi lintang Serpens punika badhé katingal saé manawi dipuntingali nalika jam 9 dalu ing salebeting sasi Juli.