Setatsiyun Kroya (KYA) yaiku setatsiyun sepur kelas B sing letake ing Bajing, Kroya, Cilacap. Setatsiyun sing ana ning kadhuwuran +11 m iki klebu ning Daerah Operasi V Purwakerta lan marupakan setatsiyun sing lokasine paling wetan ning Kabupaten Cilacap.
| ||||
Letak | ||||
---|---|---|---|---|
Propinsi | Jawa Tengah | |||
Kabupatèn | Cilacap | |||
Kecamatan | Kroya | |||
Kelurahan | Bajing | |||
Alamat | Dl. Stasiun Kroya | |||
Sujarah | ||||
Bukak | 28 Juli 1887 | |||
Jeneng saderenge | Stasiun Kroja | |||
Liyan-liyan | ||||
Oprator | PT. Kereta Api Indonesia Daerah Operasi V Purwakerta | |||
Kelas setasiun | [1] | |||
Punggelan | KYA | |||
Nomer setasiun | 2018 | |||
Dhuwuring stasiun | +11 m | |||
Kilometer |
| |||
Layanan | Ameh kabeh lakuning sepur panumpang tumuju Jakarta, Bandung, Cilacap, lan Purwokerto, utawa kosok balene mesti mandheg ing setatsiyun iki, kacuali Sepur Argo Lawu lan Sepur Argo Dwipangga lelampahan reguler. | |||
Loket | Sistem tiket online, nglayani pamesanan langsung lan pangubahan/pawurungan kamangkatan ing loket. Wonten fasilitas ala bandara arupa check-in mandiri kanggé pancétakan boarding pass khusus kamangkatan sepur jarak adoh/menengah. | |||
Fasilitas | ||||
Kathahing jalur | 9
| |||
Kathahing peron | 4 (siji peron sisi sing cendhak lan telu peron pulo sing dhuwur). | |||
| ||||
Diagram jalur setatsiyun | ||||
Setatsiyun sing dununge ana ing rute kidul Pulo Jawa, dadi titik pertemuan antarane jalur sepur saka arah Bandung-Tasikmalaya lan jalur kereta api Cirebon-Purwokerto. Iki nggawe setatsiyun iki minangka setatsiyun sing paling dhuwur lalu lintas sepure ing Daop V uga sing paling rame ing Kabupaten Cilacap, lan kanggo nampung, setatsiyun kasebut digawe udakara 900 m.
Saiki, rute ing setatsiyun iki menyang Cirebon lan Kutoarjo wis ana ing jalur dobel. Kanthi jalur dobel iki, rute saka Jakarta menyang Kroya liwat Purwokerto-Cirebon lan kosok baline bisa digayuh mung 5,5-6 jam. Mboko sithik trek dobel bakal nyambung menyang Surabaya liwat Kertosono-Mojokerto.
Minangka setatsiyun gedhe, ameh kabeh lelampahan sepur panumpang menyang Jakarta, Bandung lan Cilacap lan kosok baline mandheg ing setatsiyun iki. Sepur sing liwat langsung (ora mandheg) ing setatsiyun iki yaiku Sepur Argo Lawu lan Sepur Argo Dwipangga.