Setu Suci utawi Setu Sepi (Latin: Sabbatum Sanctum - "Dinten Sabat Suci") punika dinten sasampunipun Jemuwah Agung lan sadèrèngipun Minggu Paskah. Setu Suci wujud dinten pungkasan salebetipun Peken Suci ingkang dipunriyayaken déning tiyang Kristen minangka cecawisan riyadi Paskah. Dinten Setu Suci mèngeti nalika badan Yesus Kristus dipunsarèkaken ing kubur sasampunipun ing dinten Jemuwah Agung séda kakisas. Minggu énjing (Paskah) Yesus wungu saking séda.