Shiitake | |
---|---|
![]() | |
Klasifikasi ngèlmiah | |
Karajan: | Fungi |
Filum: | Basidiomycota |
Klas: | Homobasidiomycetes |
Ordho: | Agaricales |
Famili: | Marasmiaceae |
Génus: | Lentinula |
Spésies: | L. edodes |
Jeneng binomial | |
Lentinula edodes (Berk.) Pegler |
Shiitake (椎茸?) (Lentinula edodes) utawa jamur hioko lan asring ditulis minangka jamur shitake iku jamur pangan asal Asia Wétan sing misuwur ing saindhenging donya kanthi jeneng asliné ing basa Jepang. Shiitake kanthi barès ateges jamur saka wit shii (Castanopsis cuspidata) amarga watang wité sing wis kropos wujud papan tuwuh jamur shiitake.
Spesies iki mbiyèné tau ditepungi minangka Lentinus edodes. Ahli botani Inggris sing jenengé Miles Joseph Berkeley njenengi spésies iki minangka Agaricus edodes ing taun 1878.
Shiitake akèh dibudidayakaké ing Tiongkok, Koréa lan Jepang lan bisa ditemoni ing alam bébas ing laladan pagunungan ing Asia Kidul-wétan.
Shiitake sajeroning basa Tionghoa diarani xiānggū (Hanzi: 香菇, "jamur arum"), éwadéné sing kuwalitasé dhuwur mawa payung sing luwih kandel diarani dōnggū (Hanzi: 冬菇, "jamur usum adhem") utawa huāgū (花菇, "jamur kembang") amarga ing pérangan dhuwur lumahing payung ana motif retak-retak kaya megar.
Ing Indonésia sok dijenengi jamur jèngkol [1], amarga wangun lan aromané kaya jèngkol sanajan kanggo sapérangan wong rasa jamur iki kaya rasa peté.