Si Tjonat | |
---|---|
Disutradarani | Nelson Wong |
Diprodhuseri |
|
Adhedhasar | Tjerita Si Tjonat déning F.D.J. Pangemanan |
Dibintangi |
|
Perusahaan prodhuksi | Batavia Motion Picture |
Tanggal metu |
|
Nagara | Indhiya Nèderlan |
Basa | Bisu |
Si Tjonat (EYD: Si Conat) yaiku filem bandit Indhiya Nèderlan (saiki Indonesia) taun 1929 sing disutradharani Nelson Wong lan diprodhuseri Wong lan Jo Eng Sek. Adhedhasar novel dening F.D.J. Pangemanan, filem iki nyeritake lanang pribumi sing uwal menyang Batavia (saiki Jakarta) sawise mateni kancane lan dadi bandit. Filem bisu sing luwih ditujokake marang pamirsa etnis Tionghoa iki entuk macem-macem tanggapan lan pendapatan sing ora cetha.
Sanadyan ditujukake minangka filem serial, sekuele ora tau digawe; omah prodhuksine, Batavia Motion Picture, sawise iku ditutup. Nanging, sawetara filem karo genre sing padha dirilis sawise iku, sing kalebu Si Pitoeng, sing disutradharani lan dibintangi karo wong sing padha. Filem iki diduga ilang saka peredaran.