Singa

Singa
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Mammalia
Ordho: Carnivora
Famili: Felidae
Génus: Panthera
Spésies: P. leo
Jeneng binomial
Panthera leo
(Linnaeus, 1758)

Singa (Sansekreta: Siṃha) inggih punika sato ingkang kagolong kulawargi Felidae utawi jinis kucing. Ing basa Latin singa dipunwastani Panthera leo. Singa gesangipun wonten kelompok. Limrahipun kasusun saking satunggal singa jaler mawi kathah singa èstri. Kelompok puniki banjur njagi teritoriumipun. Awratipun kirang langkung antawis 180 ngantos 250 kilogram. Yuswanipun antawis 10 ngantos 15 warsa ing alas. Nanging manawi dipunopèni saged ngantos 20 warsa.

  1. Panthera leo

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne