Sisingamangaraja XII | |||||
---|---|---|---|---|---|
Maharaja Toba | |||||
![]() Lukisan Sisingamangaraja XII berdasarkan lukisan yang dibuat olèh Augustin Sibarani, kemudian tercetak di uang Rp 1.000 | |||||
Panjenengan | 1876–1907 M | ||||
Leluhur | Sisingamangaraja XI | ||||
Panerus | - | ||||
Astana | Soposurung, Balige | ||||
| |||||
Wangsa | Sisingamangaraja | ||||
Bapa | Sisingamangaraja XI |
Sisingamangaraja XII yaiku pahlawan Indonésia. Sisingamangaraja XII (lair ing Bakara, 18 Fèbruari 1845 – pati ing Dairi, 17 Juni 1907 ing umur 62 taun) yaiku raja ing nagari Toba, Sumatera Utara, pawongan kang perang nglawan Walanda, banjur diangkat déning pamrintah Indonésia minangka Pahlawan Nasional Indonésia wiwit tanggal 9 November 1961 miturut SK Présidhèn RI No 590/1961. Sabanjure sisarekake ing Tarutung, banjur dipindhahake menyang Soposurung, Balige ing taun 1953.[1]
Jeneng cilik Sisingamangaraja XII yaiku Patuan Bosar, banjur diwènèhi gelar Ompu Pulo Batu. Dhèwèké uga dikenal kanthi sesebutan Patuan Bosar Ompu Pulo Batu. Sisingamangaraja dadi raja ing taun 1876 nggantikake bapake kang asmane Ompu Sohahuaon. Sisingamaraja uga karan raja imam. Penobatan Sisingamangaraja XII dadi maharaja ingnegeri Toba bebarengan karo diwiwitine open door policy (pulitik pintu terbuka) Walanda nalika ngreksa modal asing kang katindakake ing Hindia-Walanda. Sisingamangaraja uga ora gelem napak asmani Korte Verklaring (perjanjian pendek) ing Sumatera ing Kesultanan Acèh lan Toba, nalika kraton iki mbukak gayutan dagang marang nagara-nagara Éropah liyané. Nanging Walanda uga ngupayakake mainake monopolin ing kraton iku. Pulitik kang béda iki ndadèkaké Perang Tapanuli kang suwi nganti tekan puluhan taun.
<ref>
ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Sidjabat