![]() | |
Jeneng ing basa pribumi | (ms) Siti Nurhaliza (ar) سيتي نورهاليزا (id) Siti Nurhaliza (en) Siti Nurhaliza |
---|---|
Biografi | |
Nifas | (ms) Siti Nurhaliza binti Tarudin 11 Januari 1979 (46 tahun ![]() Kampung Awah (id) |
Kelompok etnik ![]() | Wong Melayu |
Agama ![]() | Islam |
Kegiatan ![]() | |
Pakaryan | Aktor, Pranatacara, juru nyanyi, sosialita (id), panulis, pebisnis (id), seniman rekaman (id), pemeran film (id), pemeran televisi (id) lan peragawan (id) |
Wayah aktif | 1995 – |
Genre ![]() | Musik pop (id), R&B (id), Rap (id), musik rok (id) lan musik tradisional (id) |
Nama pena ![]() | Nour Eriqa |
Instrumen ![]() | Swara |
Label rekaman ![]() | Universal Music Group GP Records (id) Suria Records (id) (1995–2005) Rotana Records (id) (2024–) |
Karya kreatif ![]() | |
| |
Kulawarga | |
Pasangan nikah ![]() | Khalid Mohamad Jiwa (id) |
Saudara ![]() | Siti Saida (en) lan Siti Nursairah binti Tarudin (id) |
![]() | |
Situs wèb | <span%20class= "penicon"> Kaca wèb resmi |
![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() ![]() |
Siti Nurhaliza (kanthi asma jangkep lan gelar: Datin Seri Siti Nurhaliza binti Tarudin; Arab: سيتي نورهاليزا; lair ing Kampung Awah, Temerloh, Pahang, Malaysia, 11 Januari 1979; umur 46 taun) inggih punika salah satunggalipun penyanyi, selebriti, modhél, lan pangusaha[1] ingkang asalipun saking Malaysia.[2] Siti Nurhaliza miwiti kariéripun ing jagad nyanyi awit saking pakulinan utawi hobby nalika taksih alitipun.[3] Nalika samanten panjenenganipun asring nyanyi lagu-lagu tradhisional ing adicara kulawarginipun.[3] Taun 1995, Siti ndhèrèk ajang adu bakat rumaja, Jawara Bintang ing Radio Televisyen Malaysia (RTM), ingkang nalika samanten kapanggih kaliyan aktor India, Kamal Hassan, ingkang dados tutor vokalipun Siti.[3] Siti kasil dados jawara kapisan, lan ing wekdal salajengipun dipunkontrak Suria Records lan ngasilaken album rilisan, Siti Nurhaliza (1996).[3]