Situs Candhi Batujaya iku situs tilas agama Buda kuna ya iku saking abad awal Masehi ing kacamatan Batujaya lan sapérangan ing kacamatan Pakisjaya, kabupatèn Karawang, provinsi Jawa Kulon. Situs iki tinemu taun 1984 déning tim arkéologi Fakultas Ilmu Budaya UI.
Candhi-candhi ing situs iki nambah temuan candhi sing ditemoaké ing wewengkon Jawa Kulon (sedurungé wis tinemu Candhi Cangkuang ing kacamatan Leles, kabupatèn Garut). Candhi ing Batujaya iki uga dadi candhi watu bata tuwa dhéwé sing ditemoaké.