Skala ZZ

Skala ZZ iku kalebu salah siji skala modèl sepur kang cilik. Wiwit ditepungaké ing taun 2005 nganti skala T ditepungaké ing taun 2007, skala iki kang cilik dhéwé. Ukurané skala ZZ iku ana 1:300. Ambané ril ana 4,8 mm kang ngwakili sepur standar 1.435 mm. Prabédan wigati antara skala ZZ karo skala liyané kalebu skala T iku lokomotif sepur-sepurané bisa lumaku déné batu bateré. Kamangka kang liyané njupuk tenaga listrik saka ril. Dadi ril skala zz digawé saka plastik.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne