Jend. Besar TNI Purn. H.M. Soeharto ꦯꦸꦲꦂꦡ | |
---|---|
![]() | |
Présidhèn Indonésia ke-2 | |
Linggih 12 Maret 1967 – 21 Mèi 1998 (31 taun) | |
Wakil Présidhèn | Sri Sultan Hamengkubuwono IX (1973 - 1978) Adam Malik (1978 - 1983) Umar Wirahadikusumah (1983 - 1988) Sudharmono (1988 - 1993) Try Sutrisno (1993 - 1998) B.J. Habibie (1998) |
Kang sadurungé | Soekarno |
Kang sawisé | Bacharuddin Jusuf Habibie |
Mantri Pertahanan kaping 14 | |
Linggih 28 Maret 1966 – 17 Oktober 1967 | |
Présidhèn | Soekarno |
Kang sadurungé | Abdul Haris Nasution |
Linggih 17 Oktober 1967 – 28 Maret 1973 | |
Présidhèn | Soeharto |
Kang sawisé | Maraden Panggabean |
Rerincèn dhiri | |
Lair | ![]() | 8 Juni 1921
Pati | 27 Januari 2008![]() | (umur 86)
Bangsa | ![]() |
Parté pulitik | Golkar |
Sisihan | Siti Hartinah |
Anak | Siti Hardijanti Rukmana (Tutut) Sigit Harjojudanto (Sigit) Bambang Trihatmodjo (Bambang) Siti Hediati Hariyadi (Titiek) Hutomo Mandala Putra (Tommy) Siti Hutami Endang Adiningsih (Mamiek) |
Panggaota | Militer, Politisi |
Agama | Islam |
Tandha tangan | ![]() |
Jenderal Besar Purnawirawan Soeharto, utawa kang misuwur kanthi jeneng Haji Muhammad Soeharto utawa Pak Harto (lair ing Dusun Kemusuk, Désa Argamulya, Kacamatan Sedayu, Kabupatèn Bantul, 8 Juni 1921 - Jakarta Kidul, 27 Januari 2008) ya iku Présidhèn Indonesia sing kaping loro sawisé Soekarno. Ing mancanagara dhèwèké misuwur kanthi sebutan The Smiling General (basa Jawa: Jenderal kang mèsèm) amarga dhèwèké asring mèsèm ing sangarepé wartawan saben acara kang resmi.
Sadurungé dadi présidhèn dhèwèké dadi pimpinan militèr nalika jaman Jepang lan Walanda, kanthi pangkat Mayor Jendral. Sawisé tanggal 30 September, Soeharto mratélakaké PKI iku kudu diresikake, lan dhèwèké dadi pimpinan oprasiiku. Operasi iki ngentèkaké 500.000 nyawa.[1]
Dhèwèké dadi présidhèn sawisé Supersemar kang dadi kontrovèrsial ing masarakat, ing tanggal 12 Maret 1967. Nalika iku dhèwèké dadi Pejabat Sementara Présidhèn lan dipilih dadi Présidhèn ing tanggal 21 Maret 1967 déning Majelis Permusyawaratan Rakyat Sementara.
Jèndral Soeharto dipilih déning Majelis Permusyawaratan Rakyat ing taun 1973, 1978, 1983, 1988, 1993, lan 1998. Ing taun 1998, dhèwèké mundur saka présidhèn ing tanggal 21 Mèi taun 1998, bebarengan karo prastawa Geger Mèi 1998. Dhèwèke dadi présidhèn paling suwé ing Indonesia.
Sawisé Soeharto lengser saka présidhèn, nganti saiki isih akèh kang diperkarakaké. Nalika Orde Baru, jaman Soeharto mimpin akèh pangyasa kang ndadèkaké majuné nagara kang ayem, ékonomi maju lan infrastruktur. Soharto uga matesi warganagara Indonésia keturunan Tionghoa, nguwasani Timor Timur, lan dianggep dadi rézim paling korupsi kanthi $AS 15 miliar tekan $AS 35 miliar.[2] Usaha kanggo nggawa Soeharto ing pengadhilan ora kasil amarga lara. Amarga lara, Soeharto kapundhut ing Jakarta tanggal 27 Januari 2008.