Aksara Latin
|
![]() Sosis Sala gorèng | |
Jeneng liyané | Sosis Solo |
---|---|
Ajangan | Nyamikan |
Panggonan asal | Indonésia |
Tlatah utawa praja | Surakarta, Jawa Tengah |
Hawa ajangan | panas |
Woworan pokok | Kulit, Isèn-isèn |
Variasi | Sosis gorèng lan sosis teles |
![]() ![]() |
Sosis Sala sing kawentar kanthi jeneng Sosis Solo minangka sawijining panganan goréngan sing kawentar saka kutha Surakarta. Bahan dhasar gawè sosis iki ya iku endhog lan isèn-isèn sing arupa iwak pitik lan markuni. Masiyo panganan iki sinebut sosis, ananging wujudé ora kaya sosis saka bawana Èropah utawa Amèrikah sing racaké ana ing jero hot dog utawa dadi isèn-isèn pizza. Sosis Sala praupané rada mirip lumpia ananging isiné beda, luwih cilik lan luwih lembut kulité. Sosis iku asring dipangan karo lombok jemprit lan saos sambel. Ana 2 jinis sosis Sala ya iku sosis gorèng lan sosis teles (sosis basah). Sosis goréng iku diolah kanthi cara digoréng ing lenga akèh lan kulité werna soklat uga luwih kriuk. Déné sosis basah iku diolah kanthi cara di dang (dikukus) lan kulité werna kuning uga luwih lembut. Sosis teles iki luwih cendhak kolèsterol amarga ora nganggo lenga goréng. Sosis iki racaké disuguhaké nalika ana temantèn, ana pasamuwan, kondangan lan uga didol mawa jajanan ing pinggir dalan. Sak bagèyan masarakat mliginé ing ndesa, menawa ana temu temantèn iku panganan sosis minangka suguhan wajib. Menawa ora ana sosis rasané kurang sreg.