Sri Baduga Maharaja

Wangun kuil kang diyasa kanggo ngormati Prabu Siliwangi ing Pura Parahyangan Agung Jagatkarta, Bogor, Jawa Kulon.

Sri Baduga Maharaja utawa Ratu Jayadewata ya iku salah sijiné Prabu kang bisa miwiwiti pamaréntahan ing mangsa Pajajaran, minangka prabu kang mrèntah suwené 39 taun (1482-1521).Ing mangsa iki Pakuan kasil mimpin kanthi parkembangan kang apik uga dadi salah sijiné prabu kang ana ing pucuk kaemasan.

Sajeroning prasasti Batutulis uga dibabarake sajarah Karajan Galuh minangka Sri Baduga dinobatake dadi ratu kang kaping pisanan , ya iku kang pisanan ing mangsa Jayadewata nerima singgasana Karajan Galuh saka bapané panjenengané (Prabu Déwa Niskala) kang misuwur kanthi sesebutan Prabu Guru Dewapranata. Kang kaping loro déning panjenengané Prabu Guru Dewapranata nampa singgasana Karajan Sunda kang kasoran déning mertua, Susuktunggal. Ing kadadéan lan kakanan mengkene, panjenengané bisa dadi nguwasani tlatah Sunda-Galuh lan dinobatake kanthi sesebutan/gelar Sri Baduga Maharaja Ratu Haji ing Pakuan Pajajaran Sri Sang Ratu Dewata.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne