Sri Mulyani Indrawati | |
---|---|
![]() | |
Mantri Kauangan Indonésia ke-26 | |
Wiwit linggih 27 Juli 2016 | |
Présidhèn | Joko Widodo |
Kang sadurungé | Bambang Brodjonegoro |
Linggih 7 Dhésèmber 2005 – 31 Mei 2010 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Jusuf Anwar |
Kang sawisé | Agus Martowardojo |
Direktur Pelaksana Bank Donya | |
Linggih 1 Juni 2010 – 27 Juli 2016 | |
Présidhèn | Robert B. Zoellick |
Kang sadurungé | Juan Jose Daboub |
Pelaksana Tugas Mantri Kooordinator Perékonomian Indonésia kaping 12 | |
Linggih 13 Juni 2008 – 22 Oktober 2009 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Boediono |
Kang sawisé | Hatta Rajasa |
Kepala Badan Perencanaan Pembangunan Nasional/Mantri Negara Perencanaan Pembangunan Nasional ke-7 | |
Linggih 21 Oktober 2004 – 7 Dhésèmber 2005 | |
Présidhèn | Susilo Bambang Yudhoyono |
Kang sadurungé | Kwik Kian Gie |
Kang sawisé | Paskah Suzetta |
Rerincèn dhiri | |
Lair | ![]() | Agustus 26, 1962
Almamater | Universitas Indonésia University of lllinois Urbana Champaign |
Agama | Islam |
Sri Mulyani Indrawati (lair ing Bandar Lampung, Lampung, 26 Agustus 1962; umur 62 taun) iku wanita sisan wong Indonésia pisanan sing njabat dadi Direktur Pelaksana Bank Donya. Jabatan iki bakal diemban wiwit 1 Juni 2010. Sadurungé, Sri Mulyani njabat Mantri Kauangan Kabinèt Indonésia Bersatu. Sadurungé mengku kalungguhan minangka Mantri kauangan, Sri Mulyani njabat Mantri Negara Perencanaan Pembangunan Nasional/Kepala Bappenas ing Kabinèt Indonésia Bersatu. Sri Mulyani sadurungé dikenal minangka pengamat ékonomi ing Indonésia. Dhèwèké njabat Kepala Lembaga Penyelidikan Ékonomi lan Masarakat Fakultas Ékonomi Universitas Indonésia (LPEM FEUI) wiwit Juni 1998. Ing tanggal 5 Dhésèmber 2005, nalika Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono mbiwara perombakan Kabinèt, Sri Mulyani dipindhah dadi Mantri Kauangan nggantèkaké Jusuf Anwar. Wiwit taun 2008, Sri Mulyani njabat Pelaksana Tugas Mantri Koordinator Babagan Perekonomian, sawisé Menko Perékonomian Dr. Boediono dilantik dadi Gubernur Bank Indonésia.
Sri Mulyani dinobataké minangka Mantri Kauangan paling apik ing Asia kanggo taun 2006 déning Emerging Markets ing tanggal 18 September 2006 sajeroning Sidang Taunan Bank Donya lan IMF ing Singapura.[1] Sri Mulyani uga kapilih minangka wanita paling duwé prabawa angka 23 ing donya versi kalawarta Forbes taun 2008[2] lan wanita paling duwé prabawa angka 2 ing Indonésia versi kalawarta Globe Asia sasi Oktober 2007.[3]