Subali

Subali
Resi Subali
Resi Subali
Déwanagari: वाली
Éjaan Sanskerta: Valī
Jeneng liya: Wali, Balin, Raden Guwarsa
Golongan: Pandhita Wanara
Asal: Padhepokan Grastina
Senjata: Aji Pancasona
Sisihan: Dewi Tara

Subali iku putrané Resi Gotama ing Pertapan Grastina (ing padhalangan sok diarani pertapan Pancuranmanik) klawan Dèwi Indradi utawa Windradi. Wujudé Subali iku kethèk, nanging bisa tatajalma (omong).

Cupu manik Asthagina

Mauné Subali iku wujud manungsa lumrah, kepara wujudé satriya bagus, kanthi asma Guwarsa iya Anjanarka. Dhèwèké bisa salin wewujudan kaya ngono iku, amarga péngin ndarbèni cupu manik Asthagina duwèké mbakyuné kang sesilih Dèwi Anjani.

Dèwi Anjani duwé dolanan wujud cupu manik kang banget éndahé. Yèn tutupé cupu dibukak, ing njeron cupu iku katon ana jagad saisiné, lan bisa kanggo mangerteni kaanan marcapada utawa lelakon apa kang bakal dumadi samengkoné.

Mula Guwarsa klawan adhiné kang asma Guwarsi utawa Anjaningrat iya banjur kepéngin ndarbèni cupu ajaib iku. Sekawit cupu iku ditembung mung arep disilih sawatara, nanging Anjani ora mènèhaké. Wusana Guwarsa lan Guwarsi enték kesabarané. Cupu manik arep direbut saka tangané Anjani, lan mesthi waé Anjani iya ngukuhi cupu dhuwèké iku. Wusanana dadi padudon ramé.

Endang Suwareh (Suwarsih), pamomongé Anjani gagé misah bocah telu kang padha regejegan nanging dikipataké nganti tiba klumah. Dèwi Anjani banjur lumayu sowan ramané, Resi Gotama.

Äna apa kok padha oyak-oyakan kaya patrapé bocah cilik ?,"pitakoné Resi Gotama.

Guwarsa matur, "Rama, Kakangmbok Anjani gadhah cupu manik ingkang wujudipun saklangkung saé sanget. Cupu wau saged kanggé mriksani lelampahan ingkang badhé dumados. Lha kula péngin saged ngampil boten kétang namung sakedhéping netra, nanging boten dipunkeparengaken déning kakangmbok Anjani,"

"Boten dhing rama. Piyambakipun meksa péngin ngrebat cupu gadhahan kula,"Anjani suwala.

"Wis..wis, damar mancung cinupet, kowé kabèh ora susah padha regejegan. Coba endi saiki cupu kang marakaké ramé iku ?,"pangandikané Resi Gotama.

Pucet sanalika pasuryané Dèwi Anjani. Dhèwèké kelingan piwelingé ibuné, aja pisan-pisan cupu iku kepriksan déning Sang Resi Gotama. Barang iku pancèn wadi banget. Cupu kang kanggo rebutan iku mau banjur disuwun déning Sang Resi Gotama. Dèwi Anjani sangsaya luwih wedi marang dukané ramané ketimbang ibuné.

Wusana cupu manik Asthagina iku dicaosaké. Kaget Sang Resi Gotama dupi priksa wewujudané cupu manik kang éndah sumorot anelahi. Sangsaya kejot manèh panggalihé Sang Resi bareng ngawuningani isi njeron cupu iku, katon ana gegambarané jagad saisiné: srengéngé (surya), rembulan lan lintang-lintang, tathit lan méga, warna-warna téjané.

"Cupu iki saka sapa, Anjani ?,"pandanguné Resi Gotama.

Dèwi Anjani ora wani dora, amarga wedi yèn kena soté (upatané) ingkang rama, mula dhèwèké matur walaka (blaka) manawa cupu manik Asthagina iku paringané ingkang ibu, Dèwi Windradi. Resi Gotama nuli dhawuh marang Endang Suwareh supaya ngaturi Dèwi Windradi. Sawisé marak, Dèwi Windradi dinangu déning sang Resi, saka sapa pinangkané cupu manik kang kanggo dolanan Anjani. Dèwi Windradi ora wangsulan, kaya-kaya ana bab kang disingidaké. Brol, waspané tumetes nelesi pipiné.

"Hé Windradi, kowé iku duwé kuping apa ora ? Ana wong ditakoni kok meneng waé ora wangsulan. Kepara adol tangis. Apa nék ngono iku terus enték perkarané, iya ? Kaya-kaya ana bab kang winadi kang mbok dhelikaké. Coba yèn aku isi mbok-anggep garwamu, kowé blakaa, ora perlu wedi,"

Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggoné mundhut priksa, nanging Sang Dèwi Windradi tetep meneng waé ora wangsulan. Wasana ndadèkaké dukané Sang Resi Gotama.

"Hem, becik temen tekonmu iku Windradi. Ana wong diajak guneman kok mung meneng waé ora wangsulan, malah njegegreg kaya patrapé tugu,"

Mandi sabdané Sang Resi Gotama, sanalika Dèwi Windradi malih dadi tugu watu. Padha kaget kang samiya mulat. Dèwi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel "soté"(upatané). Nanging Sang Resi Gotama ora merduli. Kepara tugu watu kedadèyané Dèwi Windradi malah dibuncang anglayang ing gegana. Pungksané tugu watu tiba ing tapel wates kukuban nagara Alengka. Ing tembé tugu iku bisa dadi sarana patiné Patih Prahasta kang dikepruk mustakané nganggo tugu iku déning Jaya Anila, senopatiné Prabu Ramawijaya. Mbarengi sirnané Prahasta, tugu bisa bali dadi wujudé Dèwi Windradi manèh.

Sawisé iku, Resi Gotama banjur nyawataké cupu manik Asthagina. Para putrané kadhawuhan mbujung kumleyangé cupu. Anèhé bareng tiba ing bantala, cupu mau dadi sendhang (tlaga kang banjur diarani tlaga Madirdha iya tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi kang mbujung kumleyangé cupu, ngira yèn cupu kecemplung ing sendhang. Kekaroné nuli nyemplung sendhang bebarengan. Bareng mentas saka sendhang, kekaroné salin wujud dadi pragosa alias kethèk. Déné Dèwi Anjani lan Endang Suwareh kang tumeka ing sendhang iku ora nyemplung, nanging mung suryan (raup) lan wijik tangan karo sikilé. Wanita kekaroné uga banjur salin wujud dadi manungsa nanging pasuryan lan tangané metu wuluné kadidéné kethèk.

Bisané ruwat, Dèwi Anjani banjur kadhawuhan déning ingkang rama, Resi Gotama, supaya mbangunaké tapa "nyanthok" ana ing bengawan Bagiratri. Tembé mburiné Anjani nglairaké putra wujud wanara séta kekasih Bambang Senggana iya Anoman, Endhang Suwareh uga nglairaké wanara ulesé ireng mulus (lutung) banjur kaparingan asma Kapi Suwidha. Sabanjuré Guwarsa uga kadhawuhan tapa ngalong ana alas Sonyapringga lan banjur salin asma dadi Subali. Déné Guwarsi kang kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka uga banjur salin asma dadi Sugriwa.==Cupu manik Asthagina== Mauné Subali iku wujud manungsa lumrah, kepara wujudé satriya bagus, kanthi asma Guwarsa iya Anjanarka. Dhèwèké bisa salin wewujudan kaya ngono iku, amarga péngin ndarbèni cupu manik Asthagina duwèké mbakyuné kang sesilih Dèwi Anjani.

Dèwi Anjani duwé dolanan wujud cupu manik kang banget éndahé. Yèn tutupé cupu dibukak, ing njeron cupu iku katon ana jagad saisiné, lan bisa kanggo mangerteni kaanan marcapada utawa lelakon apa kang bakal dumadi samengkoné.

Mula Guwarsa klawan adhiné kang asma Guwarsi utawa Anjaningrat iya banjur kepéngin ndarbèni cupu ajaib iku. Sekawit cupu iku ditembung mung arep disilih sawatara, nanging Anjani ora mènèhaké. Wusana Guwarsa lan Guwarsi enték kesabarané. Cupu manik arep direbut saka tangané Anjani, lan mesthi waé Anjani iya ngukuhi cupu dhuwèké iku. Wusanana dadi padudon ramé.

Endang Suwareh (Suwarsih), pamomongé Anjani gagé misah bocah telu kang padha regejegan nanging dikipataké nganti tiba klumah. Dèwi Anjani banjur lumayu sowan ramané, Resi Gotama.

Äna apa kok padha oyak-oyakan kaya patrapé bocah cilik ?,"pitakoné Resi Gotama.

Guwarsa matur, "Rama, Kakangmbok Anjani gadhah cupu manik ingkang wujudipun saklangkung saé sanget. Cupu wau saged kanggé mriksani lelampahan ingkang badhé dumados. Lha kula péngin saged ngampil boten kétang namung sakedhéping netra, nanging boten dipunkeparengaken déning kakangmbok Anjani,"

"Boten dhing rama. Piyambakipun meksa péngin ngrebat cupu gadhahan kula,"Anjani suwala.

"Wis..wis, damar mancung cinupet, kowé kabèh ora susah padha regejegan. Coba endi saiki cupu kang marakaké ramé iku ?,"pangandikané Resi Gotama.

Pucet sanalika pasuryané Dèwi Anjani. Dhèwèké kelingan piwelingé ibuné, aja pisan-pisan cupu iku kepriksan déning Sang Resi Gotama. Barang iku pancèn wadi banget. Cupu kang kanggo rebutan iku mau banjur disuwun déning Sang Resi Gotama. Dèwi Anjani sangsaya luwih wedi marang dukané ramané ketimbang ibuné.

Wusana cupu manik Asthagina iku dicaosaké. Kaget Sang Resi Gotama dupi priksa wewujudané cupu manik kang éndah sumorot anelahi. Sangsaya kejot manèh panggalihé Sang Resi bareng ngawuningani isi njeron cupu iku, katon ana gegambarané jagad saisiné: srengéngé (surya), rembulan lan lintang-lintang, tathit lan méga, warna-warna téjané.

"Cupu iki saka sapa, Anjani ?,"pandanguné Resi Gotama.

Dèwi Anjani ora wani dora, amarga wedi yèn kena soté (upatané) ingkang rama, mula dhèwèké matur walaka (blaka) manawa cupu manik Asthagina iku paringané ingkang ibu, Dèwi Windradi. Resi Gotama nuli dhawuh marang Endang Suwareh supaya ngaturi Dèwi Windradi. Sawisé marak, Dèwi Windradi dinangu déning sang Resi, saka sapa pinangkané cupu manik kang kanggo dolanan Anjani. Dèwi Windradi ora wangsulan, kaya-kaya ana bab kang disingidaké. Brol, waspané tumetes nelesi pipiné.

"Hé Windradi, kowé iku duwé kuping apa ora ? Ana wong ditakoni kok meneng waé ora wangsulan. Kepara adol tangis. Apa nék ngono iku terus enték perkarané, iya ? Kaya-kaya ana bab kang winadi kang mbok dhelikaké. Coba yèn aku isi mbok-anggep garwamu, kowé blakaa, ora perlu wedi,"

Nganti ambal kaping telu Sang Resi anggoné mundhut priksa, nanging Sang Dèwi Windradi tetep meneng waé ora wangsulan. Wasana ndadèkaké dukané Sang Resi Gotama.

"Hem, becik temen tekonmu iku Windradi. Ana wong diajak guneman kok mung meneng waé ora wangsulan, malah njegegreg kaya patrapé tugu,"

Mandi sabdané Sang Resi Gotama, sanalika Dèwi Windradi malih dadi tugu watu. Padha kaget kang samiya mulat. Dèwi Anjani angrerepa supaya Sang Resi njabel "soté"(upatané). Nanging Sang Resi Gotama ora merduli. Kepara tugu watu kedadèyané Dèwi Windradi malah dibuncang anglayang ing gegana. Pungksané tugu watu tiba ing tapel wates kukuban nagara Alengka. Ing tembé tugu iku bisa dadi sarana patiné Patih Prahasta kang dikepruk mustakané nganggo tugu iku déning Jaya Anila, senopatiné Prabu Ramawijaya. Mbarengi sirnané Prahasta, tugu bisa bali dadi wujudé Dèwi Windradi manèh.

Sawisé iku, Resi Gotama banjur nyawataké cupu manik Asthagina. Para putrané kadhawuhan mbujung kumleyangé cupu. Anèhé bareng tiba ing bantala, cupu mau dadi sendhang (tlaga kang banjur diarani tlaga Madirdha iya tlaga Sumala. Guwarsa lan Guwarsi kang mbujung kumleyangé cupu, ngira yèn cupu kecemplung ing sendhang. Kekaroné nuli nyemplung sendhang bebarengan. Bareng mentas saka sendhang, kekaroné salin wujud dadi pragosa alias kethèk. Déné Dèwi Anjani lan Endang Suwareh kang tumeka ing sendhang iku ora nyemplung, nanging mung suryan (raup) lan wijik tangan karo sikilé. Wanita kekaroné uga banjur salin wujud dadi manungsa nanging pasuryan lan tangané metu wuluné kadidéné kethèk.

Bisané ruwat, Dèwi Anjani banjur kadhawuhan déning ingkang rama, Resi Gotama, supaya mbangunaké tapa "nyanthok" ana ing bengawan Bagiratri. Tembé mburiné Anjani nglairaké putra wujud wanara séta kekasih Bambang Senggana iya Anoman, Endhang Suwareh uga nglairaké wanara ulesé ireng mulus (lutung) banjur kaparingan asma Kapi Suwidha. Sabanjuré Guwarsa uga kadhawuhan tapa ngalong ana alas Sonyapringga lan banjur salin asma dadi Subali. Déné Guwarsi kang kadhawuhan tapa ngidang ana ing alas Dhandaka uga banjur salin asma dadi Sugriwa.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne