Sumpit

Sumpit

Sumpit ya iku piranti mangan kang asalé saka Asia Wétan, wujudé kayu rong iji padha dawane kang dicekel ing sela-selane driji tangan. Sumpit iku kanggo nyepit lan mindhahake panganan saka wadhah, saka piring siji marang piring liyané, utawa nglebokaké panganan ing njero tutuk. Sumpit padatan digawé saka pring, logam, gadhing, lan plastik kang wis dialusake utawa dilapis nganggo pernis utawa cat supaya katon apik lan ora nyilakani tutuk nalika mangan.

Akeh nagara ing saindhenging donya kang nganggo sumpit kanggo mangan panganan khas Asia Wétan. Ing sapérangan nagara Asia Wétan Kulon, sumpit minangka piranti mangan utama kang padha pentinge karo sendhok lan garpu. Ing Indonesia, sendhok-garpu utawa sumpit disedyakake ing omah makan kang nyediyani masakan Tionghoa, masakan Koréa, masakan Jepang, masakan Vietnam, masakan Thailand tekan bakul bakso utawa mi pangsit di pinggir dalan.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne