Sunan Prapen utawa sok diarani Raden Mas Pratikal punika saking putune Sunan Giri lan putrane Sunan Dalem. Ing Babad Gresik Sunan Prapen minangka raja kaping papat ing karajaan Giri Kedhaton sing nata antarane taun 1548-1605 Masehi. Sunan Prapen ya iku pemimpin uga tokoh agama ing Giri. Nalika jumeneng nata (1548 - 1605) panjenengané duwé peran kanggé mbentuk lan njembarake panyebaran agama Islam, ing Jawa Wétan lan Jawa Tengah lan ing sadawaning pasisir Nuswantara Wétan.[1]