Susuhunan Giri Gajah Kadhaton utawa Sunan Giri iku Walisanga lan pangadeg karajan Giri Kedhaton, kang dunungé ing laladan Gresik, Jawa Wétan. Sunan Giri lair ing Blambangan taun 1442[1].. Sunan Giri duwé sawatara dasanama, ya iku Radèn Paku, Prabu Satmata, Sultan Abdul Faqih, Radèn 'Ainul Yaqin lan Jaka Samodra.[2]. Sunan Giri yasa kadhaton ing Giri ing taun 1408 Saka/1486 M lan ing taun sawise jumeneng nata kanthi jejuluk Prabu Satmata.[3] Sunan Giri surut ing taun 1428 Saka/1506 M lan disarèkaké ing Giri Gajah, Kebomas, Gresik.[1] Giri Kadhaton banjur diprintah dening Sunan Giri II.