Susi Air | |||||||
---|---|---|---|---|---|---|---|
Barkas:Susi air-logo.png | |||||||
| |||||||
Didegaké | 2004 | ||||||
Hub |
| ||||||
Ukuran armada | 45 | ||||||
Kutha tujuan | 168 (disarujuki) | ||||||
Perusahaan induk | PT ASI Pudjiastuti Aviation | ||||||
Kantor pusat | Pangandaran, Jawa Kulon | ||||||
Wong wigati | Susi Pudjiastuti (CEO), Christian von Strombeck (Direktur Operasi) | ||||||
Situs web | http://www.susiair.com |
Susi Air ya iku maskapé pamaburan Indonésia kang dioperasèkaké déning PT ASI Pujiastuti Aviation kanti penerbangan kanthi jadwal lan charter. Kantor-punjer ing Pangandaran, Jawa Kulon, Susi Air duwé laladan saka lima pangkalan mligi ing Medan, Jakarta, Balikpapan, Kendari, Bandung, Cilacap, lan Sentani nanging maskapé iki isih terdaftar ing Pratélan maskapé penerbangan dilarang ing Uni Éropah.[1]
Didegaké nalika akir 2004 déning pasangan pasutri Christian von Strombeck lan Susi Pudjiastuti, Susi Air awalé diyasa kanggo ngeteraké momotan perikanan duwéné perusahaan liya Susi, PT ASI Pudjiastuti. Lindhu Samudera Hindia 2004 kang kadadéan ing pasisir kulon Sumatra sawisé montor mabur Cessna Grand Caravan kawiwitan Susi Air dipesen, langsung uga kanggo mbantu pangiriman piranti lan usada kanggo regu panulong.
Nalika 2005 Grand Caravan ketelu gabung karo armada Susi Air saéngga Susi Air bisa miwiti penerbangan minangka duwé jadwal saka Medan. Sabanjure pira-pira Grand Caravan tambahan, Diamond Twin Star, Pilatus Turbo Porter lan Diamond Diamond Star uga ditambahake sajrone armada Susi Air. Nalika Juni 2009, Susi Air ngumumake yèn dhèwèké wis pesen 30 pesawat Grand Caravan ingParis Air Show.[2] wulan sabanjuré Piaggio Avanti kapisan Susi Air wiwit digunakaké.