Tanri Abeng

Tanri Abeng
Tanri Abeng
Mantri Nagara Pingguna Prajasaharya Indonésia ke-1
Linggih
16 Maret 1998 – 20 Mèi 1998
PrésidhènSoeharto
Kang sadurungéTidak ada
Linggih
23 Mèi 1998 – 20 Oktober 1999
PrésidhènBacharuddin Jusuf Habibie
Kang sawiséLaksamana Sukardi
Rerincèn dhiri
Lair7 Maret 1942
Jepang Selayar, Sulawesi Selatan, Masa Pendudukan Jepang
Pati23 Juni 2024 (umur 82)
Indhonésia Jakartah, Indonésia
BangsaIndonésia
AlmamaterIPB Bogor
AgamaIslam

Tanri Abeng (7 Maret 1942 – 23 Juni 2024) inggih punika salah satunggalipun pangusaha saking Indonésia.[1][2] Panjenenganipun naté dados Mantri Nagara Pandayagunaan BUMN saking 25 Mèi ngantos dumugi 13 Oktober 1999.[1][2]

Panjenenganipun miyos saking kulawargi ingkang kekirangan.[1][2] Nanging panjenenganipun gadhah tegad lan gegayuhan ingkang ageng.[1] Panjenenganipun tansah sinau kanthi kentheng, lan nyambi pados arta kanggé mbiyantu pagesangan ing saben dintenipun.[1] Panjenenganipun gadhah tekad boten pegat ing kaprayitnan (optimistis).[1] Gegayuhanipun ingkang ageng punika ndadosaken panjenenganipun kapilih dados mahasiswa program tuker-tukeran pelajar American Field Service.[1] Salajengipun Tanri nglajengaken kuliyah ing Universitas Hasanudin lan nyambi nyambut damel ing perusahaan eksportir lan mucal basa Inggris ing salah satunggalipun SMA.[1] Nalika taksih mahasiswa panjenenganipun pikantuk beasiswa kanggé mendhet gelar Master of Business Administration (MBA) saking Universitas Negeri New York Amérikah Sarékat.[1]

Kariéripun tansah minggah sasampunipun lulus MBA, nalika tumut kaliyan Union Carbide.[1] Dipunwiwiti saking management trainee ing Amérika Sarékat, Tanri kanthi wekdal ingkang langkung cekak (yuswanipun nembé 29 taun) sampun dados dhirektur urusan arta lan sekretaris ing perusahaan wau.[1]

  1. a b c d e f g h i j k Biografi Tanri Abeng Archived 2011-06-16 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 7 September 2011)
  2. a b c About Tanri Abeng Archived 2012-02-20 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 7 September 2011)

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne