Tata Surya

Gambaran umum Tata Surya (ukuran planit digambaraké saklaras ing skala, sauntara leté ora): Srengéngé, Merkurius, Venus, Bumi, Mars, Ceres, Yupiter, Saturnus, Uranus, Neptunus, Pluto, Haumea, Makemake lan Eris.

Tata Surya[a] ana ing galaksi Bimasekti iku golongan barang langit kang kawangun saka sawijining lintang kang diarani Srengéngé lan kabèh objèk kang kraket déning gaya gravitasiné. Objèk-objèk mau kalebu wolung planit kang wis kauninga kanthi orbit awujud elips, limang planit cilik, 173 satelit alami kang wis kaidhèntifikasi[b], lan mayuta-yuta barang langit (meteor, asteroid, komet) liyané.

Tata Surya kawangun saka Srengéngé, patang planit pérangan njero, sabuk asteroid, patang planit pérangan njaba, lan ing pérangan paling njaba yaiku Sabuk Kuiper lan piringan kasebar. Awan Oort diprakirakaké ana ing laladan paling adoh kang leté watara kaping sèwu ing njaba pérangan kang paling njaba.

Adhedhasar leté saka Srengéngé, wolung planit Tata Surya yaiku Merkurius utawa Buda (57,9 yuta km), Venus utawa Sukra (108 yuta km), Bumi (150 yuta km), Mars utawa Anggara (228 yuta km), Yupiter utawa Wrehaspati (779 yuta km), Saturnus utawa Saniscara (1.430 yuta km), Uranus (2.880 yuta km), lan Neptunus (4.500 yuta km). Wiwit madyaning 2008, ana limang objèk akasa kang kaklasifikasikaké minangka planit cilik. Orbit planit-planit cilik, kajaba Ceres, ana luwih adoh saka Neptunus. Limang planit cilik mau yaiku Ceres (415 yuta km ing sabuk asteroid; biyèné kaklasifikasikaké minangka planit kalima), Pluto (5.906 yuta km.; biyèné kaklasifikasikaké minangka planit kasanga), Haumea (6.450 yuta km), Makemake (6.850 yuta km), lan Eris (10.100 yuta km).

Enem saka wolung planit lan telu saka limang planit cilik iku diubengi déning satelit alami. Saben planit pérangan njaba diubengi déning cincin planit kang kawangun saka awu lan partikel liyané.


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne