Bagéyan saka seri artikel ngenani Kakristenan | |
Dasar Alkitab: Ajaran: Gréja Kristen: Topik-Topik Ing Kakristenan: Ibadat Kristiani: Kapercayan sing kakait: |
Taun Liturgi |
---|
Gréja Ritus Kulon |
|
Gréja Ritus Wétan |
Taun liturgi, kang karan uga minangka Taun Kristiani, wujud Kalèndher Kristiani/siklus mangsa liturgi sajeroning gréja-gréja Kristiani kang nemtokaké kapan dinaning para suci, dina pèngetan, lan dina-dina gedhé kudu diriyayakaké sarta pérangan ngendi saka Kitab Suci kang diasosiasikaké karo dina-dina riyaya mau.
Kanggo mangsa kang béda sajeroning setaun liturgi, dipigunakaké warna-warna liturgis kang béda uga. Dina-dina riyaya Gréja Wétan (Gréja Ortodoks Wétan, Gréja Ortodoks Oriental, Gréja-Gréja Katulik Wétan) tiba ing tanggal kang béda karo Gréja Kulon (Gréja Katulik Roma, Gréja Anglikan, Gréja Lutheran, lan Gréja-Gréja Protèstan), sanajan inti riyayané padha.
Kanggo gréja-gréja ing Indonésia kang akèh-akèhé éwoning Gréja Kulon, kalèndher iki uga ora kabèh diriyayakaké déning kabèh dhénominasi Kristen. Gréja Katulik Indonésia ngriyayakaké kabèh dina riyaya kalèndher iki, éwadéné gréja-gréja liyané ana sapérangan kang ora diriyayakaké, ana uga dhénominasi Kristen kang ora ngriyayakaké dina-dina riyaya iki siji waé, contoné Gréja Masèhi Advent Dina Kapitu, Gréja Yésus Sejati, lan Saksi-Saksi Yehuwa. Gréja Protèstan Indonésia upamané, akèh-akèhé mung ngriyayakaké 5 dina riyaya utama, yaiku:
sanajan ana sapérangan kang ngriyayakaké Adven, Rebo Awu, lan sapérangan liyané. Gréja ing sanjabané Indonésia luwih manéka manèh, saéngga ora bisa ditarik sawijining patokan saliyané dina-dina riyaya kang umum iki.