Tebu

Tebu
Rumpun Tebu
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Liliopsida
Ordho: Poales
Famili: Poaceae
Génus: Saccharum
L.
Species

Saccharum arundinaceum
Saccharum bengalense
Saccharum edule
Saccharum officinarum
Saccharum procerum
Saccharum ravennae
Saccharum robustum
Saccharum sinense
Saccharum spontaneum

Tebu (basa Inggris: sugar cane) iku sawijining jinis suket. Tebu uga duwé jeneng liya ya iku, Rosan (Jawa); Tiwu (basa Sundha), Tebhu (basa Madura), Tebu, Isepan (basa Bali); Teubee (basa Acèh), Tewu (basa Nias, Flores), Atihu (Ambon); Tebu (Lampung), Tepu (Timor); ya iku tuwuhan kang paédah mligi kanggo bahan baku gula. Tuwuhan iki mung bisa thukul ing laladan iklim tropis, mligi ing laladan tebu (Sacharum Officinarum Linn), kang dhuwuré watara 1 nganti 1300 mèter sak nduwuré lumahing sagara. Tuwuhan iki kalebu jinis rumput-rumputan. Ing tanah Jawa sumebar sawatara jinis tebu antarané jinis tebu ireng Cirebon, tebu kasur, POJ 100, POJ 2364, EK 28, POJ 2878. Saben jinis tebu duwé ukuran dhuwur, dawané ros lan warna kang béda-béda, nanging rata-rata dhuwuré wit tebu udakara 2 mèter nganti 4 mèter. Umur tuwuhan wiwit ditandur nganti tekan bisa dipanèn kurang luwih 1 taun. Ing Indonésia tebu akêh dibudidayakaké ing Pulo Jawa lan Sumatra. [1] Archived 2007-06-06 at the Wayback Machine. Kanggo nggawé gula, wit tebu kang wis dipanèn diperes nganggo mesin pameres (mesin près) ing pabrik gula. Sawisé iku, nira utawa banyu perasan tebu mau disaring, dimasak, lan diputihaké saéngga dadi gula pasir kaya kang kita kenal sadina-dina. Saka prosès nggawé gula tebu iku mau bakal ngasilaké gula 5%, ampas tebu 90% lan sisané wujud tètès (molasse) lan banyu. Tètès kang dikasilaké saka prosès penggilingan tebu mau diperlokaké minangka bahan kanggo nggawé cèt. Saliyané bisa digawé gula pasir, nira tebu bisa uga digawé gula batu, gula abang utawa gula jawa. Godhong tebu kang garing (dhadhuk) minangka biomassa kang duwé kalori cukup dhuwur. Ibu-ibu ing padésaan sok migunakaké dhadhuk iku minangka bahan bakar kanggo masak; saliyané ngémat lenga kang regané larang, bahan bakar iki uga rikat panas. Ing sajeroning konversi ènergi pabrik gula, godhong tebu lan uga ampas wit tebu bisa dipigunaaké kanggo bahan bakar boiler, kang uwab é dipigunaaké kanggo prosès produksi lan pembangkit listrik. Semono uga tuwuhan tebu uga duwé manfaat kanggo usada ya iku

  • Ngurangi jantung dheg-dhegan, Bahan: 3 gegem oyot tebu ireng; Cara nggawéné: dikumbah lan digodhok nganggo 2 gelas banyu nganti umob kari sak gelas; Cara nggunakaké: diombé sadina ping pindho.
  • Lara Panas, Bahan: tebu ireng sakcukupé; Cara nggawéné: diperes lan dijupuk banyuné Cara nggunakaké: diombé.
  • Lara Watuk, Bahan: 3-5 ros tebu ireng; Cara nggawéné: disesep lan diombé banyuné, Cara nggunakaké: dibakar, terus dioncèki lan diperes dijupuk banyuné. [2] Archived 2007-06-06 at the Wayback Machine.

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne