Teh tarik inggih punika unjukan legi ingkang wujud teh ingkang dipuncampur kaliyan susu ingkang limrahipun kapanggihaken wonten ing Asia Tenggara, mliginipun wonten ing Malaysia. Padatanipun unjukan punika dipunsade déning para mamak (tiyang India muslim) wonten ing Malaysia lan Singapura, ingkang ndadosaken teh tarik punika dados unjukan nasional wonten ing negara wau. Unjukan punika ugi saged kapanggihaken wonten ing sapérangan papan wonten ing Indonesia, ing antawisipun inggih punika ing Riau, Kepuloan Riau lan Aceh (sinebat teh tarek).