Tetanduran wiji kabukak

Gymnospermae
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Divisio


Pinophyta -Tetuwuhan runjung
Ginkgophyta - ginkgo
Cycadophyta - Pakis haji lan kerabaté
GnetophytaMlinjo lan kerabaté

Gymnospermae (saka basa Yunani: gymnos (wudo) lan sperma (wiji) utawa tetuwuhan wiji kabuka wujud golongan tetuwuhan wiji sing wijiné ora kalindhung déning bakal woh (ovarium). Saka tetuwuhan ngembang (Angiospermae, utawa Magnoliophyta), wiji utawa bakal wiji mesthi kalindhungi penuh déning bakal woh saéngga ora katon saka njaba. Ing Gymnospermae, wiji kaèkspos langsung utawa ana ing antarané godhong-godhong panyusun strobilus utawa runjung. Ing mlinjo contoné, "pêntil"é (ya iku wijiné) wiwit saka "kroto" nganti mlinjo mateng bisa dideleng, sauntara ing tusam wiji ana ing runjungé.

Gymnospermae wis urip ing bumi wiwit periode Devon (410-360 yuta taun kapungkur), sadurungé éra dinosaurus. Ing wektu iku, Gymnospermae akèh diwakili déning golongan sing saiki wis cures lan dadi batu bara: Pteridospermophyta (paku wiji), Bennettophyta lan Cordaitophyta. Anggota-anggotan liyané bisa nerusaké keturunané nganti saiki. Angiospermae sing ditemoni saiki dianggep panerus saka salah sawijining golongan Gymnospermae purba sing wis cures (paku wiji).


From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne