Themis (Basa Yunani: Θέμις) wonten ing mitologi Yunani punika satunggaling Titan èstri ingkang gadhah sesambetan kaliyan Zeus Themis punika salah satunggal saking 7 garwanipun Zeus [1]. Themis punika gadhah lare Horai lan Astraia saking Zeus[2]. Themis ugi wonten ing Delos kanggé mirsani wiyosipun Apollo. Themis ateges hukum alam, Themis punika awaking saking aturan, hukum, lan adat.
Themis punika salah satunggaling dewi ingkang gadhah gayutan kaliyan Orakel Delphi amargi ndhèrèk yasa. Themis nampi saking ibunipun, Gaia lan maringaken dhateng Foibe. Kathah ingkang ngenut Neo-Pagan mliginipun Neo-Pagan Hellenis mastani Themis punika dewi kebajikan lan keadilan [1].
Wonten ing legénda Yunani Kuno, Themis dipunwastani dewi keadilan. Themis punika kagambaraken minangka dewi ingkang mbeta pedang lan mripatipun katutup kain ireng. Pedang ingkang wonten ing asta tengen Themis kados siyap nebas menapa kemawon ingkang boten leres lan angkara murka.