Titan (mitologi)

Rhea (garwanipun Kronos), salah satunggaling Titan èstri.

Titan (Grikenlan: Τιτάν) wonten ing mitologi Yunani inggih punika para panguwaos bumi sadèrèngipun para déwa Olimpus [1]. Pemimpin ingkang anama Kronos ingkang samangke badhé lèngser déning Zeus. Kaping 12 Titan inggih punika putra saking Uranus déwa langit lan Gaia dewi bumi.

Titan nglampahi perang ageng kaliyan para Déwa Olimpus ingkang dipunwastani Titanomakhia. Kathahipun Titan ndhèrèk ing perang punika. Wonten ing perang punika Titan kalah lan nalika perang ndhèrèk tempur kaliyan Kronos ingkang dipunguwang dhateng Tartaros.

Titan génerasi kapisan kapérang dados 6 kakung (Okeanos, Hiperion, Koios, Kronos, Krios lan Iapetos) sarta 6 ingkang èstri (Mnemosine, Tethis, Theia, Foibe, Rhea lan Themis. Déné Titan génerasi kaping kalih kapérang dados lare-lare Titan génerasi kapisan inggih punika laré Hiperion (Eos, Helios, lan Selene); laré saking Koios (Leto lan Asteria); laré saking Iapetos (Atlas, Prometheus, Epimetheus, lan Menoitios); sarta larénipun Krios (Astraios, Pallas, lan Perses).

Wonten ing satunggaling mitos kacariyosaken déning Kallimakhos lan Nonnos, Zeus gadhah kekajengan ndadosaken Zagreus (Dionisos) minangka ingkang nggantos Zeus. Anangin Hera dukha amargi Zagreus wiyos saking perselingkuhan Zeus. Lajeng Hera ngirim para Titan supados matèni Zagreus. Para Titan ngecat praupanipun ngginakaken gipsum supados damel Zagreus remen dhateng para Titan mau. Lajeng para Titan ngrisak awakipun Zagreus banjur dipunpangan. Zeus dukha lajeng matèni para Titan. Nanging jantungipun Zagreus saged dipunslametaken déning Athena supados dipundamel malih dados Zagreus.

  1. [1] Archived 2012-08-28 at the Wayback Machine., (id) Titanomakhia legenda perperangan besar (dipunakses tanggal 30 Januari 2013).

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne