Aksara Latin
|
Tlaga Sarangan | |
---|---|
![]() Tlaga Sarangan ing mangsa Hindhia Nèderlan (1931) | |
Negara | Indonesia |
Tlaga Sarangan inggih punika salah satunggiling papan wisata wujud tlaga toya ingkang dumunung wonten ing sangandhaping Gunung Lawu,[1] ugi asring sinebut Tlaga Pasir. Tlaga Sarangan punika kalebet wonten ing wewengkon Kacamatan Plaosan,Kabupatèn Magetan, Jawa Timur.[2] Leresipun inggih wonten ing sukunipun Gunung Lawu. Saking Magetan minggah ndeder kirang langkung 17 km. Manawi saking Tawang Mangu kirang langkung 15 km. Redinipun alus, menggak-menggok, sesawanganipun nengsemaken. Déné nginggilipunpun papan éndah punika kirang langkung 12.287 m saking lumahé sagara.