Tlaga Sentani

Tlaga Sentani, Papua

Tlaga Sentani punika tlaga ingkang mapan wonten ing Papua Indonesia [1]. Tlaga Sentani punika wonten ing ngandhaping lèrèng Pagunungan Cagar Alam Cycloops kanthi wiyar kirang langkung 245.000 hektar. Tlaga punika kabentang ing tengahing kutha Jayapura dan Kabupatèn Jayapura, Papua kanthi wiyar kirang langkung 9.360 hektar lan wonten ing inggil 75 mdpl. Tlaga Sentani punika tlaga paling ageng ing Papua.

Tlaga Sentani kalebet Tlaga Vulkanik ingkang sumber toyanipun saking 14 lepen ageng lan alit kanthi satunggal muara kali, Jaifuri Puay. Ing sisih kulon Doyo dangu lan Boroway jeroning tlaga curam sanget. Lajeng ing sisih wétan lan tengah punika landai ugi dangkal, Puay lan Simporo. Wonten ing mriki ugi wonten wana rawa ing tlatah Simporo lan Yoka [2].

Tlaga Sentani punika wiyaripun 9.360 ha kanthi jero rata-rata 24.3 mèter. Wonten ing perairan ingkang cethek, tuwuh taneman pandan lan dagu. Ing sakiwa tengenipun tlaga punika wonten 24 kampung ingkang kasebar ing pesisit lan pulo-pulo alit ing tengahing tlaga. Tlaga Sentani punika kalebet tlaga paling ageng wonten ing Jayapura. Papan ingkang gadhah aji sajarah punika taksih asri taksih wonten Bangau lan garudha ingkang katingal nyamber iwak saking Tlaga Sentani [2].

Ing Tlaga Sentani wonten tugu Jendral Douglas Mc Arthur tilaran saking Perang Dunia II. Ing sisih lor monumen Mc Arthur ing nginggil 325 mèter wonten dataran pagunungan Cyclop kanthi pucuk Gunung Dofonsoro.

  1. [1] Archived 2013-05-13 at the Wayback Machine., (id) http://www.trackpacking.com (dipun-akses tanggal 09 Dhésèmber 2012).
  2. a b [2][pranala mati permanèn], (id) http://www.iftfishing.com Archived 2023-02-14 at the Wayback Machine. (dipun-akses tanggal 19 November 2012).

From Wikipedia, the free encyclopedia · View on Wikipedia

Developed by Nelliwinne