Tokyo 東京都 | |||||
---|---|---|---|---|---|
Metropolis | |||||
Pemerintah Metropolitan Tokyo | |||||
| |||||
Antem: Tokyo Metropolitan Song (東京都歌 Tokyo Toka?)[1] | |||||
Negara | Jepang | ||||
Wilayah | Kantō | ||||
Pulau | Honshu | ||||
Divisi | 23 distrik khusus, 26 kota, 1 distrik, & 4 subprefektur | ||||
Pamaréntahan | |||||
• Jinis | Metropolitan | ||||
• Guernur | Yōichi Masuzoe (I) | ||||
• Ibu kota | Tokyo[2] | ||||
Laladan | |||||
• Metropolis | 2.187,66 km2 (84,466 sq mi) | ||||
• Métro | 13.572 km2 (5,240 sq mi) | ||||
• Urut laladan | 45 | ||||
Cacah warga (1 Desember 2015)[3] | |||||
• Metropolis | 13.506.607 | ||||
• Pepadhet | 62/km2 (160/sq mi) | ||||
• Métro | 37.800.000 | ||||
• Pepadhet métro | 2.662/km2 (6,890/sq mi) | ||||
• 23 Distrik | 8.967.665 | ||||
(Pemerintahan prefektur per 2015) | |||||
Demonym(s) | 江戸っ子 (Edokko), 東京人 (Tokyo-jin), 東京っ子 (Tokyokko), Tokyoite | ||||
Zona wektu | Wektu Standar Jepang (UTC+9) | ||||
ISO 3166-2 | JP-13 | ||||
Flower | Somei-Yoshino cherry blossom | ||||
Tree | Ginkgo tree (Ginkgo biloba) | ||||
Bird | Black-headed gull (Larus ridibundus) | ||||
Situs wèb | www |
Tokyo (東京; Tōkyō,[4] teges ingkang barès: kitha krajan wétan) punika kitha krajan Jepang dalah tlatah ingkang padhet piyambak ing Jepang, sarta laladan metropolitan ingkang ageng piyambak ing donya dipuntingal saking cacah tiyang ingkang ndunungi (33.750.000 ing kitha lan tlatah saubengipun).
Watawis 12 yuta tiyang ingkang ndunungi manggèn ing Tokyo lan atusan èwon sanèsipun wongsal-wangsul saben dinten saking tlatah saubengipun kanggé nyambut damel utawi dagang ing Tokyo. Tokyo punika punjer pulitik, ékonomi, budaya lan akademis ing Jepang sarta panggénan pura kaisar Jepang lan kursi papréntahan nagari, sisan minangka punjer bisnis lan finansial utami tlatah Asia Wétan.
Tokyo gadhah sakedhik gedhong pencakar langit tinimbang kitha sanès ingkang saukuran, amargi wontenipun tatacara konstruksi lindhu. Wangunan di Tokyo kathahipun wujud apartemen tingkat andhap (6 ngantos 10 lantai) lan griya kulawarga ingkang alit. Tokyo ugi minangka lokasi sistem transportasi massal ingkang paling kompleks sadonya, lan misuwur déning jam-jam sibukipun ingkang padhet.
Tokyo kanthi barès tegesipun "kitha krajan wétan" wonten ing basa Jepang, kosok balèn kaliyan kitha krajan lami ingkang wonten ing kilèn, Kyoto, ingkang dipunnamikaken "saikyo", utawi "kitha krajan kilèn" ing abad ke-19. Ngantos taun 1870-an, Tokyo dipunwastani "Edo". Nalika punjer kamaharajan pindhah saking Kyoto dhateng Edo, namanipun lajeng dipun-gantos.