Tokyo Ghoul (東京喰種,Tōkyō Gūru?) yaiku sérial manga kang dianggit déning Sui Ishida.[3]Tokyo Ghoul miwiti debut kapisan ing taun 2010, mula bisa ngancik urutan kaloro ing Weekly Young Jump 113th Grand Prix.[4] Séri-sériné terbit wiwit taun 2011 nganti taun 2014 ing Weekly Young Jump kalawarta Shueisha, lan sabubaré dijupuk dadi séri light novel lan anime ing taun 2014.[5][6][7][8] Manga iki uga dipertal ing basa Inggris lan kasil ngancik urutan sing dhuwur ing Pratélaning Dodolan Apik Dhéwé The New York Times ing taun 2015.[9][10] Prekuelé kang duwé sesirah Tokyo Ghoul [Jack] wis disebar kanthi digital ing Jump Live ing taun 2013. Ing taun 2014, piyambaké miwiti sekuel kang duwé sesirah Tokyo Ghoul:re.[11] Ing Maret 2017, Tokyo Ghoul lan sekuelé dicétak luwih saka 22 yuta ékslempar ing sirkulasi.[12] Tokyo Ghoul dijupuk dadi sérial anime TV kanthi 12 épisode kang digarap déning studio Pierrot. Anime iku digiyaraké ing Tokyo MX sawatara Juli nganti September 2014. Banjur diteruské ing mangsa ka-2 kanthi 12 épisode kang duwé sesirah Tokyo Ghoul √A, kang wiwit digiyaraké ing tanggal 8 Januari 2015. Funimation duwé lisensi sérial anime kanggo distribusi streaming lan vidio kanggo ditonton ing omah ing Amerika Lor. Sérial iki diduwéni déning Madman Entertainment kanggo distribusi digital ing Australia lan Selandia Baru.[13]
↑Masalah sitiran: Tenger <ref> ora trep;
ora ana tèks tumrap refs kanthi jeneng Morita